Tuesday, December 22, 2009

Kepinteran iku ora kanggo minter-i, nanging kanggo minterke

Sawijing crito tumrap kanca, go gayeng2an wae...
_____________________________________________________________
Srana kekancan & silaturahmi aran : Friendster.... ora isoh dibuka
Mbusak jeneng & tetenger gon layang elektronik (boso kumpeni : account email) ...... ngawoel tenan, tur ra nganggo aturan sing baku
Ngarani ngowahi setelan router ...... iki sansoyo ngawoel, lha yen arep ngowahi ngopo kok ming router-e, mbok sisan sak omah2e....
Srana kekancan & paseduluran aran Face book.... ditutup tur ra taren babar blas, tur panggonan liyane jik isoh mbuka
Layang kabar elektronik, mung isoh ndeleng judul-e aran : detik.com.... lha iki, arep dadi luwih pinter wae dipenging... moco koran wae kok ra oleh ki njuk piye jal???

Jaman saiki cen akeh wong pinter, akeh wong sugih, ning yo akeh wong sing sumugih opo maneh sing keminter.

Sansoyo akeh leh sinau, sansoyo akeh sik di ngerteni.
Sansoyo akeh sik di ngerteni, sansoyo akeh sik lali
Sansoyo akeh sik lali, sansoyo sithik sing kelingan,
Sansosyo sithik sing kelingan, ngopo ndadak sinau???


gambar ing ngisor iki, digawe seko komputer sing gawene tak nggo makaryo, nganggo alat FireFox (asu ajak sing rambut geni)


ono maneh, nganggo internet explorer :


lha yen iki, digawe seko gone tanggaku (manggon sisih kidul gonku makaryo, arane ..... ngono kae lah) :

____________________________________________

Kok isoh bedo yo, lha ming arep moco layang kabar wae.. po ndadak tuku dhewe???
Yo apike ncen ngono kok, rasah gumantung karo liyan, koyo unen2 kae....

Pengin mangan lawuh tempe, duwene dhele..... yo nempe dhewe...
Pengin mangan roti, duwene gandum karo glepung...... yo ngroti dhewe...
Pengin mangan tape, duwene telo karo ketan.... yo nape dhewe....
Pengin mangan lawuh endhog, ra duwe endhog... njuk piye hayooooo

Salam

1 comment:

Fajar said...

Mantep Juragan....Pancen iki sing jenenge Resi Kauman paring Sabdo